Bingung Arep Nulis Opo
Bingung arep nulis opo…
Wes bola bali dikandani.., yen arep nulis nuliso sak karep karep mu sing penting nulis. Terserah kowe arep nulis opo.
Awakmu kui sedino dinone mesti kan ono gaweyan.. mosok ben mbut gawe awakmu nggak iso “Menjelaskan” nang wujud tulisan. Kurang opo….
Komputer ono, Laptop wes di silihi kantor. Koneksi Internet nang kantor wes luwih luwih… malah iso diarani banjir koneksi internet. Nang omah yo wes ono ra ketang sesasine banyar 150ewu.
Trus rencanabulan Maret iki piye..?
Jarene arep narik koneksi seko omah menyang kantor? Antena yo wes ono. Wingi njaluk tanggane diwenehi antena grid 2,4 kudune wes cukup.. nang omah yo wes ono antena juga.
Cen kowe kie ra iso ngerteni awakmu dewe… Mosok blas ra iso ngatur urip. Wayahe mulih kie yo mulih rasah mblayang ro motormu wae. Eling kowe duwe omah, mosok mbok tinggal nganti wengi2 trus.. po ra mesakke…. Sing ngresik i omahmu njuk sopo nek ra wakmu dewe.. opo tanggane..? ra mungkin tho.. ? Mangkane kui sadar tho Jo…. sadar kowe… urip nang donya kie jare mung mampir ngombe.. mung sedelok..
Urip nang masyarakat yo kudu aruh aruh ro tanggane… ojo mung blusukan. Isuk mangkat mbut gawe mulih bengi… njuk kapan kowe arep urip bareng ro tangga tanggamu..
Wes yoooo ayo di tata meneh urip mu kui..
Ojo mung mentingke awakmu dewe..
Ayo kapan meneh nek ra sak iki….
Tags: Coretan, latihan nulis, Nulis

May 24th, 2010 at 11:18 am
lucu………asyik.
wkwkwkwkwk